Nuwun:
Ingkang kinabekten sagung sepuh, pinisepuh
Ingkang kinormatan sagunging tamu sinedahan ingkang kula hurmati
Assallamu Alaikum Wbrt.
Keparenga paring palilah kula semela atur sawatawis, nuhoni pamundutipun Ibu Hartanta, pinangka sulih sarro, talanging atur wonten ngarsa anjengan.
Pinangka purwakaning atur : sumangga kula derek aken ngunjukaken , puja-puji
syukur wonten ngarsanipun Gusti ingkang Murbeng gesang, ingkang sampun peparing
barokah, rahmad saha barokah dumateng kita sami ing kalenggahan ing siang punika.
Menggah atur saking panjenganipun Ibu Hartanta;
Sepisan:
Ibu Hartanta ngaturaken kawilujengan menggah karawuhan sanggyaning tamu sinedahan ikang kinormatan, ingkang sampun kepareng nglonggaraken panggalih bucal wedal nuhoni panyuwunipun Ibu Hartanta.
Mugi karawuhan panjenengan tansah winantu ing karaharjan, saha tansah pinayungan Gusti ingkang maha kuwaos.
Ongka kalih ;
Ibu Hartanta ing titi kalenggahan siang punika nuhoni jejibahan tyang asepuh, hamisuda,
Putra miwaha siwi ngunduh penganten sarimbit Bg. Roni……………..pikantuk putra
Siwinipun ibu ………….ingakang pidalem ing Purwantara.
Menggah ijab kobul saha pawiwahan sampun kalampahan dinten Jumat Surya 13 Agustus 2004 wonten Purwantoro Wonogiri.
Inggih awit saking pujo- puji , pangestu, saha pandongga ,saking sesepuh, pinisepuh, saha sangyaning tamu sinedahan ijab Kabul sampun kalampahan nir ing sambi kala.
Ibu Hartanta nyuwun gungan kepareng sagung tamu ingkang kinormatan kepareng paringbekahp pangestu dumateng temanten sarimbit mugi anggenipun ngayahi jejibahan gesang bebrayan inggal tansah pikantuk pinayungan Gusti Ingkang Maha Agung, sedaya ingkang ginayuh sageda jumbuh, ingkang dipun jongka tansah sumadya. Tinebihno ing godha rencana , cinelakno ing suka rena, Nir baya nir ing sangsaya..
Ongka tiga
Ibu Hartanta ngaturaken, agenging panuwun ikang tanpa pipindan, menggah sedaya kadarman panjenengan ingkang arupi punopa kewawan, ingkang sedya kala wau dadosaken birawaning panggalih, saha dadosaken lancer, rancak, sumaraking pahargyan ing siang punika.
Ewa semanten Ibu Hartantoanta boten saget atur pinwales punapa-punapa, hamung nyuwun dumateng ngarsaningGusti, mugi sedaya peparing panjengan ingakang arupi punapa kemawon,kanthi iklasing panggalih pikantuk lelintu ingkang matikel-tikel, saha dadosaken kuncaraning asma panjengan.
Atur sak lajengipun. Ibu Hartanta anggenipun kagungan kersa ngunduh penganten, sampun krancang, karacik, saha katiti, kanthi permati,ewa semanten tasih kathah kekiranganipun. Langkung-langkung angenipun hanampi krawuhan panjenengan,anggenioun buja krami, kirang trasilal saha kirang subosita.
Mila awit saking punika mawantu-wantu nyuwung gungan dumateng sanghyaning tamu sinedahan kepareng paring agunging pangak sami ingkang linangkung.
Ibu Hartanta ugi nyuwung gungan dumateng sagung tamu sinedahan ingkang kinurmatan, kepareng, lelenggahan ngantos dumugi purnaning pahargyan.
Pinangka pepet-pepuntoning atur, bok bilih anggenkula matur wonten ngarsa panjengan kirang suba sito, kiranging trapsila, wonten galap gangsuling atur kepareng pareng siha samodra pangaksami.
Ing wasana mugi rahayu inga pinanggih,
akhirul kalam wbst.